Outlined Text Generator at TextSpace.net
Selamat Datang Di Blog SESAT COMMUNITY 2010

Selasa, 11 Mei 2010

Diposting oleh SESAT COM'UNITY 2010

Pidato Ulang Tahun


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Nuwun
Para rawuh kakung miwah putrid ingkang kula bekteni.
Para kadang sutrisna ingkang kula urmati .
Ing ngriki kula minangka sesulihipun Mbak Ratna, ingkang nembe pikantuk sik nugrahaning , Gusti, awit dinten punika Mbak Ratna tanggap warsa (Ulang Tahun) ingkang kaping nembelas.
Keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah, sugeng pepanggihan lan mugi-mugi kanugrahaning Gusti gumelar ing katentreman lan kasarassan cumondhoka ing panjenengan sami.
Dene menggahing wigatos rawuh panjenengan punika dipunsuwuni berkah pangestu murih Mbak Ratna anggenipun mengeti tanggap warsa (Ulang Tahun) mimbuhi dhiwasaning priadi. Sageda dados tuladhaning para mudha.
Langkung- langkung sageda anetepi kekudanganipun Rama – Ibu. Inggih punika dadosa tyang ingkang utami bekti dhateng Rama – Ibu, sumungkem ing Eyang lan para pepundhen, mituhu datheng agami, migunani tumprap nusa lan bangsa.
Wasana, mbokbilih anggen kula matur kathah kekiranganipun, kula pribadi nyadhong agunging pangapunten.
Matur nuwun
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Sumber : "Bahasa Jawa 1, hal 112"
(Tugas Pidato Bahasa Jawa X-1 ,tanggal 19 Mey 2010)

0 komentar:

Posting Komentar

FOTO SESAT COMMUNITY 2010

FOTO SESAT COMMUNITY 2010